Dadi wong Banyuwangi kudu akeh sukure nyang Gusti Pengeran. Kerana Pengeran wis ndadekaken Banyuwangi sing kurang paran-paran. Sawah gemelar sak weran-weran, subur nguripi tetanduran para tani. Segara gemelendheng jeru ngingu iwak kang sing entek-entek dikuras para nelayan. Pokoke sing kira kaeloman sapa bain wong kang urip ring Banyuwangi.
Kanggo wujud sukur nyang Gusti Pengeran
iku para nelayan ring Banyuwangi nganakaken upacara adat kang diarani “Pethik
Laut”. Kabeh kampung nelayan umume nganakaken adat iki. Sakat teka pesisir
Pancer, Lampon, Gerajagan, Muncar, Bomo, Blimbingsari, Pakem sampek Bulusan.
Pethik laut dianakaken ring ulan Sura. Tujuane kabeh padha yaiku muji sukur lan
njaluk selamet nyang Gusti Pengeran, supaya asile laut dina mburi tambah akeh
lan sing ana balak belai.
Angger panggonan Pethik Laut mau duwe cara
dhewek-dhewek nurut adat kang diuri-uri teka leluhure. Sakliyane pethik laut
Blimbingsari, kabeh ana larunge yaiku sesembahan nyang Gusti Pengeran kang rupa
sesaji kang dikelekaken ring segara. Rupa-rupa sesajene beda-beda angger
panggonan. Kang padha, mesthi kanggo ngeramekaken pethik laut iku digelar
macem-macem kesenian. Ring Blimbingsari sing kathik nganggo larung, naming
dianakaken istigosahan lan selametan kampung.
Pethik laut kang rame lan gedhe-gedhean
iku ring Muncar. Kerana rame seru, penontone ewuan, pethik laut Muncar
dilebokaken nyang calender event Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Kabupaten
Banyuwangi. Kadhung rika kober nyang Muncar pas pethik laut, nggolet tontonan
paran bain, rika temu. Aja takon arane uwong. Melaku ring lurung bain sampek
kangelan serange akehe uwong. Ndeleng gedhene acara, ketara kadhung kabeh warga
Muncar guyub milu ubeg ngeramekaken upacara adat iku.
Pethik Laut dikawiti ambi tirakatan ring
panggonan gitik. Gitik iku perau cilik kang direnggo apik kanggo panggonan
sesaji kang dilarung. Ring langgar-langgar dianakaken pengajian lan semaan.
Isuke, sedurunge gitik diarak keliling, dianakaken selametan. Sakmarine
selametan, sarate kudu gandrungan sulung ring pareke gitik mau. Terus
dianakaken ider bumi, yaiku gandrung lan gitike diarak keliling kutha Muncar.
Sekira jam sanga, acara resmine dikawiti. Panggone ring TPI (Tempat Pelelangan
Ikan ). Bupati lan tokoh masarakat milu nyakseni. Ring TPI iku Bupati disuguhi
kesenian kang ditata apik ambi panitia. Serta mari acara resmi, acara kang
ditunggu-tunggu yaiku larung sesaji dikawiti. Atusan perau kang bek penumpang
wis nganteni arep milu ngelarung. Perau-perau iku kabeh dipajang apik,
ndadekaken kahanan segara Muncar kaya ana perayaan gedhe. Gitik kang isi sesaji
endhase kebo, jajan pasar, jenang, wowohan, pancing emas, candhu, pitik jago,
digotong jakakehan nyang perau. Sakteruse perau kang nggawa gitik nuju tengah
segara. Atusan perau liyane ngiring lan ngetutaken mburine. Ring perau kang
nggawa gitik mau ana gandrung kang terus njuged lan nembang sak suwene ring
tengah segara. Gadug panggonan kang dituju yaiku pas elore Sembulungan, gitik
dilarung, diceburaken nyang segara ambi dibarengi wacaan selawat lan takbir,
sakakehe wong kang ring atusan perau kang milu. Mari ngelarung, kabeh nuju
Sembulungan. Ring Sembulungan ewuan wong uga wis nganteni gandrunge. Ring kana
gandrung perlu nyekar nyang kuburane leluhur kelawan njuged ngubengi kuburan.
Mari ngerampungaken ajat ring Sembulungan, kabeh aju balik maning nyang Muncar.
Adat pethik laut nduduhaken kadhung
menungsa iki gemantung nyang kuwasane Gusti Pengeran. Mula muji sukur iku seru
pentinge kanggo nyurasa peparinge Gusti Allah lan nyemendhekaken ati lan
pengarep-arep nyang kang Maha Kuwasa
0 komentar:
Posting Komentar
Jika ada yang kurang jelas atau terjadi kesalahan dalam artikel di atas, tolong beri tahu kami dengan berkomentar. Mohon berkomentar dengan santun dan mengedepankan akhlak mulia. Terima Kasih.