Tampilkan postingan dengan label Bahasa Using. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Using. Tampilkan semua postingan

Keris dalam Bahasa Using




Versi Museum       : Tiap – tiap keris nduweni kekuatan supranatural lan nguweni pengaruh tertentu nang wong kang nduweni keris iku, kareno pas keris iku digawe,  empune (wong kang ggawe keris) ngelaksanakaken ritual tertentu. Makne mengaruhi wong kang ggawe keris iku lan kang nduwe.

Versi Internet         : Keris yoiku salah sijine adat senjata suku-suku ring Nusantara, kang gunane digawe senjata penusuk jarak cendek kang biasane digawe masyarakat Asia Tenggara. Keris dimulyakaken, dihormati bahkan dianggep keramat. Seng Cuma suku Bangsa Indonesia kang ggawe keris, digawe pisan ambi sebagian bangsa ning Asia Tenggara yoiku Malaysia, Brunai, Sabah, Thailand, Kamboja, Laos lan Suku Moro ning Piliphina. Keris ring tiap daerah nduweni kekhasan dewek-dewek ring penampilane, fungsine, teknik garapane, serta peristilahane.
Fungsi utama teko senjata keris pusaka mbiyen yoiku alat kang digawe membela diri teko serangan musuh, lan kewan utawa digawe mateni musuh. Naming terus fungsi teko keris pusaka iku berubah. Ring  jaman damai, kadang uwong  nggawe keris Cuma digawe ngelengkapi kelambi upacara. Dadi keris dihiasi ambi intan utawa berlian ring pangkal hulu keris. Bahkan sarunge digawe teko logam kang diukir, lan dilapisi emas.
Keris termasuk senjata kang nduweni kekuatan magis, benda pusaka, benda kehormatan, sebagai benda sejarah, benda komoditi perpedangan, lan sebagai pelengkap upacara adat. Keris iku termasuk lambang pusaka. Bentuke keris kang khas lan gampang dibedakaken teko senjata tajem liane merga bentuke sing simetris ring bagian pangkal kang melebar, biyasane bilahe berliku-liku. Jenise senjata hang nduwe  kemiripan ambi keris yoiku badik.
Keris mesti muncul ning legenda , ceritera tutur utawa oral tradisi , babad utawa sejarah tradisi , sampek teko sejarah modern . Ternyata kadung digoleti ning ceritera tutur utawa penulisan sejarah , keterangan tentang  keris akeh kang bisa diweruhi, koyoto ning ceritera legenda Ajisaka , Pararaton , Babad Tanah Jawi sampek penulisan sejarah modern De Graaf, perang Diponegoro . Sampek-sampek keris mageh ono ning masyarakat modern masa kemerdekaan contohe panglima gedhe Soedirman lan Bung Karno , lan Pak Harto. Keris Indonesia wes terdaftar ning UNESCO sejak tahun 2005.


Gandrung Banyuwangi




NONTON GANDRUNG

Gandrung Banyuwangi iku arupo tontonan kesenian kang biasane digelar ring acara hajatan koyoto sunatan, kawinan, Slametan Desa, Pethik Laut lan acara liyan-liyane Kesenian Gandrung iku biasane digelar suwengi mulai jam 7 bengi sampek ngarepaken subuh. Gandrung biasane nggawa panjak kang akehe 5.  Wong lima mau diarani Panjak yoiku wong kang dinggo ngiringi njuget lan nggending nganggo tabuhan, ana Kendang, kempul, gong, bahola, lan kluncing.

Jejer Gandrung
Jejer Gandrung iku arupo komposisi sak tarian kang digawakaken gandrung kanggo mbuka acarane. Ring kono gandrung njuget ambi nggawakaken gending, biasane gending Podho Nonton. Jejer Gandrung iki dikarepaken dadi pembukaan dinggo ngawali pagelarane. Ring Sumitro Hadi salah sijine Penata Tari Banyuwangi Jejer gandrung dikreasi dadi tari lepaskang biso ditarikaken sing ring sakjeroning Gandrung, umpamane ana dayoh pejabat biso disuguhi tari “Jejer Gandrung” kang dijugetaken lare-lare sekolah.

Repenan Gandrung
Sak marine njuget Jejeran ring panggung biasane gandrung mudhun panggung nyalami penonton lan lungguh pareke penonton. Ring kono gandrung ngelayani gending penjaluke penonton.  Sakmarine gending biasane penonton nguweni picis sak ikhlase nyang gandrung, iki kang diarani Tuku Gending.

Pajuan
Pajuan iku gandrung njuget ring panggung ambi penonton. Gandrung biasane di paju ambi wong papat, gentenan pasangan siji-siji sampek wong papat mau uleh kebagian njuget pasangan ambi gandrung. Biasane diiringi ambi gending Embat-embat, Erang-erang, Gurit Mangir, lan gending-gending Liyane.

Seblang Gandrung

Tarian penutup kang biasane dinggo njaluk sepuro nyang kang nduwe gawe  lan penonton. Ring tarian lan gendingan iki gandrung pamitan lan ngucap syukur nyang pengeran ringa anggone ngelaksanakaken penggaweane diweni keselametan lan kesuksesan.

Ompak Songo Banyuwangi


Umpak Songo ana ring Dusun Krajan Desa Tembokrejo Kecamatan Muncar. Adhohe umpak Songo teko Muncar ning kutha Banyuwangi kiro-kiro 34 km. Peninggalan kang ana arupa watu, watu iku arupa watu gong. Ning situs iki ditemukakenn umpak watu kang akehe 49, susunan pondasi teko bata, artefak arupa fragmen gerabah lan fragmen keramik asing kang akeh - akehe teko Cina yaiku 3 keramik dinasti Sung abad XIII, lima keramik teko dinasti Yuan abad XIV, 18 keramik dinasti Ming abad XIV, XV dan XVI, 34 keramik  teko dinasti Ch’ing abad XIX lan 4 keramik Eropa abad XIX lan mageh akeh fragmen keramik teko Thailand. Ring sekitare umpak songo akeh ditemukno saksi sejarah kegedheanne Kerajaan Belambangan. Ana gumuk sepur lan gumuk kang dhowo. Konon yoiku benteng raksasa Kerajaan Belambangan. Akibate kurange pemahaman masyarakat, gumuk sepur dileburno  lan lokasine didadekaken sawah. Dijenengi umpak songo merga ring tempat iki ana umpak teko watu kang akehe songo. Heng adhoh teko umpak songo, ditemukaken umpak lima. Konon panggonan iki didadekaken tempat semedi raja – raja Belambangan. Bangunan iki saiki wes musnah. Umpak songo artine songo pondasi. Situs iki salah sijine bagiane teko Sejarah Kerajaan Belambangan. Situs iki kedadeane teko reruntuhan bangunan utama Kerajaan Belambangan. Reruntuhan iki arupo pondasi watu gedhe bolong kang susunane jejeran kang ggawe pondasi bangunan. Kanggo menopang tiang bangunan Kerajaan Belambangan iku. Susunane watu iku sampek saiki mageh ketata apik lan rapi. Tahun 1916, wong tekan Bantul kang jenenge Mbah Nadi Gedhe kang nemukaken umpak songo iku pertama kaline. Kawitan ditemukaken kondisine wes ketimbun lemah lan alas. Marine dijugeri, ternyata ono hang  mirip candi. Diyakini, umpak songo yoiku bale ketemune Raja Belambangan ambi ngisoranne. Umpak Songo iki panggonan pusat Kerajaan Belambangan lan tempat ketemune raja – raja ambi makhluk lainne, buktine yoiku ring ngarepe umpak songo iku ditemukaken wit Pakis raksasa, kang umure wes atusan taun. Jeneng Umpak Songo diwekkaken teko Raja Mangkubumi XI utawa 12 taun marine situs ompak songo iki ditemukaken. Raja Mangkubumi XI pisan kang mastikaken kadung reruntuhan iku bekas kompleks Kerajaan Belambangan kang ancur kareno perang dulur. Perang dulur iku disebabkaken kareno gendaan antara Joto Suru ambi bojone Pak Pati Banyuwangi. Awal ulan November 2008 Pemerintah Kabupaten Banyuwangi membentenggi situs iku. Nggo mbangun pager kang ngelilingi situs iku gunane ngindari kerusakan uwong – uwong kang heng gelem tanggung jawab. Situs umpak songo duwe makna dhewek kanggo rong umat beragama ring kutha Banyuwangi. Yaiku, umat Islam lan umat Hindu. Hal iku disebabken ambi perjalanan sejarah Kerajaan Belambangan kang seng biso lepas ambi pengaruhe agama iku. Reng jaman iku agama Hindu dadi agama mayoritas. Tapi, ring Kerajaan Belambangan pernah tinggal seorang wali Allah, Syekh Maulana Ishaq ambi bojone. Putri Sekardadu, seorang putri Kerajaan Belambangan. Putri Sekardadu iku ibu kandung teko raden paku utawa kang lebih dikenal ambi Sunan Giri. Kerono kerukunan agama iku, ring hari - hari gedhe Agama Islam utawa Agama Hindhu akeh uwong kang teko neg siso - siso kejayaan Kerajaan Belambangan iki. Tujuanne akeh maceme koyoto nyekar lan ngalab berkah utawa semedi. Nurut juru kunci umpak songo yoiku Mbah Soiman, biasane uwong-uwong merono teko pelosok daerah ning Jawa Timur lan Bali. Mereka merene teko berbagai daerah. Heng dadi masalah, sebabe masing – masing pengunjung masio Islam utawa Hindu duwe rasa podho nduwe ring situs iki.
           

Perang Puputan Bayu



Perang Puputan Bayu


Jaman biyen ono perang kang gedi ring bumi blambangan., yoiku Perang Bayu. Diarani perang Bayu kareno perang iku ono ring daerah bayu saiki kira-kira ono ring kecamatang songgon. Perang Bayu diarani perang kang gedhe mergane perang iki wis akeh ngilangaken nyawa lan patine wong Balmbangan. Asale sakdurunge perang wong Blambangan akehe 65.000 wong,  merga perang kari mung 5000 uwong merga ilang lan mati ring peperangan.
Ring tanggal 13 Desember 1771 Kapten reygers, pimpinan tentara VOC ring Ulupangpang nyeran Benteng Bayu. Naming kareno Benteng Bayu kuat, pasukane malah ditumpes ambi pasukan bayu. Pasukan Bayu kang lebih nguasani palagan perang, ngelakoni perang koyo wonng memengan sengidanan. Melencat teko wit siji nyang wit liyane,pasukan VOC kang nyerang susukan lan songgon heng ono kang selamet. Kapten Reygers dhewek kang tatu kang akhire mati ring pos ulupangpang. Pimpinan VOC sakteruse diganti ambi Van Schaar.
Ring tanggal 18 Desember 1771 iku kang paling diengeti sampek diadekaken dino dadine kutha Banyuwangi. Dino iku Pasukan Bayu biso numpes tenetara VOC. Tentara VOC waktu iku dipateni kabeh sing ono sisane, sangking bangkele prajurit Blambangan nyang bangsa Landa iku pimpinane kang aran Van Schaar dipateni endhase ditugel terus ditanceppaken ring landepe tumbak terus diarak keliling kampung. Sakmarene kedadean iku Kya mas rempeg gugur. Terus perjuangane Mas Rempeg diteusaken ambi Sayu Wiwit.


Pethik Laut Muncar Banyuwangi



Dadi wong Banyuwangi kudu akeh sukure nyang Gusti Pengeran. Kerana Pengeran wis ndadekaken Banyuwangi sing kurang paran-paran. Sawah gemelar sak weran-weran, subur nguripi tetanduran para tani. Segara gemelendheng jeru ngingu iwak kang sing entek-entek dikuras para nelayan. Pokoke sing kira kaeloman sapa bain wong kang urip ring Banyuwangi.
Kanggo wujud sukur nyang Gusti Pengeran iku para nelayan ring Banyuwangi nganakaken upacara adat kang diarani “Pethik Laut”. Kabeh kampung nelayan umume nganakaken adat iki. Sakat teka pesisir Pancer, Lampon, Gerajagan, Muncar, Bomo, Blimbingsari, Pakem sampek Bulusan. Pethik laut dianakaken ring ulan Sura. Tujuane kabeh padha yaiku muji sukur lan njaluk selamet nyang Gusti Pengeran, supaya asile laut dina mburi tambah akeh lan sing ana balak belai.
Angger panggonan Pethik Laut mau duwe cara dhewek-dhewek nurut adat kang diuri-uri teka leluhure. Sakliyane pethik laut Blimbingsari, kabeh ana larunge yaiku sesembahan nyang Gusti Pengeran kang rupa sesaji kang dikelekaken ring segara. Rupa-rupa sesajene beda-beda angger panggonan. Kang padha, mesthi kanggo ngeramekaken pethik laut iku digelar macem-macem kesenian. Ring Blimbingsari sing kathik nganggo larung, naming dianakaken istigosahan lan selametan kampung.
Pethik laut kang rame lan gedhe-gedhean iku ring Muncar. Kerana rame seru, penontone ewuan, pethik laut Muncar dilebokaken nyang calender event Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Kabupaten Banyuwangi. Kadhung rika kober nyang Muncar pas pethik laut, nggolet tontonan paran bain, rika temu. Aja takon arane uwong. Melaku ring lurung bain sampek kangelan serange akehe uwong. Ndeleng gedhene acara, ketara kadhung kabeh warga Muncar guyub milu ubeg ngeramekaken upacara adat iku.
Pethik Laut dikawiti ambi tirakatan ring panggonan gitik. Gitik iku perau cilik kang direnggo apik kanggo panggonan sesaji kang dilarung. Ring langgar-langgar dianakaken pengajian lan semaan. Isuke, sedurunge gitik diarak keliling, dianakaken selametan. Sakmarine selametan, sarate kudu gandrungan sulung ring pareke gitik mau. Terus dianakaken ider bumi, yaiku gandrung lan gitike diarak keliling kutha Muncar. Sekira jam sanga, acara resmine dikawiti. Panggone ring TPI (Tempat Pelelangan Ikan ). Bupati lan tokoh masarakat milu nyakseni. Ring TPI iku Bupati disuguhi kesenian kang ditata apik ambi panitia. Serta mari acara resmi, acara kang ditunggu-tunggu yaiku larung sesaji dikawiti. Atusan perau kang bek penumpang wis nganteni arep milu ngelarung. Perau-perau iku kabeh dipajang apik, ndadekaken kahanan segara Muncar kaya ana perayaan gedhe. Gitik kang isi sesaji endhase kebo, jajan pasar, jenang, wowohan, pancing emas, candhu, pitik jago, digotong jakakehan nyang perau. Sakteruse perau kang nggawa gitik nuju tengah segara. Atusan perau liyane ngiring lan ngetutaken mburine. Ring perau kang nggawa gitik mau ana gandrung kang terus njuged lan nembang sak suwene ring tengah segara. Gadug panggonan kang dituju yaiku pas elore Sembulungan, gitik dilarung, diceburaken nyang segara ambi dibarengi wacaan selawat lan takbir, sakakehe wong kang ring atusan perau kang milu. Mari ngelarung, kabeh nuju Sembulungan. Ring Sembulungan ewuan wong uga wis nganteni gandrunge. Ring kana gandrung perlu nyekar nyang kuburane leluhur kelawan njuged ngubengi kuburan. Mari ngerampungaken ajat ring Sembulungan, kabeh aju balik maning nyang Muncar.
Adat pethik laut nduduhaken kadhung menungsa iki gemantung nyang kuwasane Gusti Pengeran. Mula muji sukur iku seru pentinge kanggo nyurasa peparinge Gusti Allah lan nyemendhekaken ati lan pengarep-arep nyang kang Maha Kuwasa

Legendha Banyuwangi

ASAL MUASALE ARAN KUTHO BANYUWANGI
(Ditulis lan diceritakaken maning ambi: Drs. Moh. Syaiful)

Ring jaman bengen, ring pucuk wetan tanah jawa iki ana kerajaan kang gedhe lan endah kang diarani kerajaan Sindhurejo. Kerajaan iki dipimpin Raja kang arane Sulahkromo. Sulahkromo nduwe patih kang sakti sagah wani tanding kang arane Patih Sidopekso. Patih  Sidopekso iku satriya kang ikhlas anggone ngabdi yang kerajaan. Patih Sidopekso duwe rabi kang alus budine lan ayu rupane kang aran Sritanjung, sampek Raja Sulahkromo kepencut katut lan kedanan nyang Sritanjung
Raja Sulahkromo duwe rasa kepingin nduweni Sritanjung, mulo soko iku Sulahkromo nggolet akal klendi carane biso nyingkiraken Sidopekso kadung perlu sampek tumekaning pati. Sulahkromo terus nduwe akal, Patih Sidopekso diperintah nglakoni tugase Negara kang sing bakal bisa dilakoni wujude menungsa.
Sing nduwe curigo, Patih Sidopekso langsung berangkat nglakoni kuwajiban njunjung tugase Negara lan nglakoni titah Raja. Sulahkromo seneng atine mergane Sidopekso menyang adoh nglakoni tugase Negara. Sakpeninggale Sidopekso Sulahkromo nekani Sritanjung ana ring kepatihan umahe Sritanjung, Sulahkromo nyampekaken kekarepane atine kepingin ngawini Sritanjung. Rayuane Sulahkromo kang arep ndadekaken Sritanjung Prameswari-ne  Raja ditolak ambi Sritanjung mergane Sritanjung magih nduweni kewajiban nyang lakine Patih Sidopekso.
Sulahkromo ngamuk lan panas atine serta ditolak  ambi Sritanjung. Lara atine Sulahkromo tambah nemen, Sulahkromo kepingin mbales lara atine merga sing diterima ambi Sritanjung. Sak balike teko tugase Sidopekso langsung ngadep nyang Raja Sulahkromo. Sulahkromo terus mitnahi Sritanjung, Sulahkromo nyeritakaken kadung Sritanjung wis dadi wong wadon sing bener, wani mara ngadep Raja njaluk didadekaken Prameswari lan bisa sanding ambi Raja kepingin urip enak ring kerajaan.
Rungu kabar sing enak teka Rajane Sidopekso sing kathik mikir liya maning, Sidopekso balik nggoleti rabine ning umahe. Sritanjung kaget nemoni lakine kang wis kesetanen, Sritanjung nyeritakaken kedadean sak benere, naming Sidopekso wis kepilu nyang pitnahe Sulahkromo. Sing kesuwen maning Sidopekso njuput kerise teko wrangkane, Sritanjung diseret ring pinggire jurang kalen kang banyune buthek lan kothor. Sritanjung gelem lan ikhlas mati ring tangane Sidopekso, naming sakdurunge Sritanjung mati, Sritanjung wekas nyang Sidopekso, kadung engko Sritanjung mati mayite diceburaken jurang,  kadung banyu kang buthek dadi tambah buthek lan mambu bathang  iku tandhane Sritanjung salah lan wis serong nyang wong lanang liyo.Naming sakbalike kadung banyu kang buthek berubah dadi kening lan ambune wangi artine Sritanjung sing salah magih suci lan jujur.
Sidopekso wis sing kuat nahan atine kang wis gemulak kaya mbanyu kang digodhok, Sidopekso nancepake kerise nyang dhadhane Sritanjung , getihe kemleler mili ring sak awake, sakmarine mateni kang wadon dhewek Sidopekso nyeburaken mayite Sritanjung nyang jurang kalen kang banyune buthek iku mau. Sidopekso kaget saknaliko banyu kang buthek iku mau dadi kening gandane wangi semebrung ring sekitare. Sidopekso gethun anggone mateni Sritanjung. Sakdawane dalan ambi nggetuni lakune Sidopekso ngucap , ….Banyu…wangi…., Banyu…Wangi….Dinggo ngenget- enget kedadean iku, panggonan kedadean iku diarani Banyuwangi.


Barong Banyuwangi


Barong
Kadhung ring Banyuwangi ana kesenian Barong, ya sing mohal. Wong Banyuwangi iku seru dhemene nyang kesenian. Paran maning kesenian kaya Barong. Wujude bain apik tapi setengah medeni. Matane mendelik mencorong, rambute jibros, cangkeme merongos, siyunge nyocok, jenggot lan berengose nyerodok, kupinge mangklang, seriwi ndhaplang. Ring ndhuwur endhase ana makuthane, kelire maneka warna. Ana abang, kuning, ijo, lan sepiturute kelir kang barak. Sing dijugedaken bain medeni, paran maning kadhung dijugedaken. Aju jugedane jimprak-jimprak kaya arep nguber. Pokoke lare cilik sawanen kadhung buru weruh.

Barong iku dudu kanggo nggambaraken menungsa, naming perlu nggambaraken sebangsa kewan utawa mahluk teka alam alus, dudu muja bangsa alus, naming wong bengen rumangsa kadhung ring alam iki ana alam kasar uga ana alam alus. Alam kasar iku alam kang katon mata, alam alus yaiku alam kang sing katon mata. Menungsa uga gedigu. Duwe jasad kasar lan jasad alus. Jasad kasar iku rupa tangan, sikil lan sepiturute, jasad alus iku roh. Seteruse ring alam iki ana alam cilik lan alam gedhe. Alam cilik iku menungsa, alam gedhe iku jagad. Dadi alam kasar lan alam alus, jasad kasar lan jasad alus, alam cilik lan alam gedhe iku setemene nyawiji. Mula wong bengen nganggep penting ngerumat harmoni rong alam kang beda mau. Wujude, antarane nganggo kesenian barong.

Kesenian barong ring Banyuwangi ana rong macem. Ana barong kanggo ngarak, lan barong kanggo dipentasaken kang ana lakone. Dulur Kemiren lan saubenge ngarani barong kanggo ngarak iku “barong ngeraina” polahe biyasahe ngarak penganten utawa lare sunat iku wayah raina. Kadhung barong kang dipentasaken diarani ‘barong bengi’ polahe biyasahe dimainaken wayah bengi.

Barong ngeraina, akeh-akehe wong wis pating weruh kadhung barong bengi arang kang weruh lan ngerti polahe kesenian iki anane mung ring Banyuwangi dhaerah lor kulon. Persise ring desa-desa saubenge Kemiren Kecamatan Glagah. Barong bengi nganggo kubung, naming sing kathik genjot polahe ring ahir pentas wayah jam 3 isuk, ana macan-macanan kang ndadi. Kang apik maning ring kesenian barong iki antarane penonton lan pemain bisa omong-omongan kaya dene kesenian Lenong Betawi.

Kesenian iki duwe ciri has kang sing ana ring kesenian liyane yaiku bab sesambungane kang raket ambi leluhur pepundhen desa. Kerana sesambungan kang raket iku wis dadi yakine, angger arep tanggapan sing wani ninggal pamitan nyang Buyut. Malah kanggo dulur-dulur Kemiren, nguri-uri kesenian barong iku dudu mung kanggo nggolet picis, naming wujud tanggung jawab njaga keselametane desa. Njaga timbange alam kasar lan alam alus, alam lair lan batin.

Kerana niyate ngerumat barong iku wujud sesambungane nyang leluhur pepundhen desa, mula antara grup siji lan liyane sing tau kedaden tukaran, jugil-jugilan, bangkel, paran maning duwe karep ngebes grup liyane. kang kedaden umume pada tulung-tinulung nyang grup liyane. Mula setemene kesenian barong iki keneng dienggo tuladha ambi kesenian liya mergane nguri-uri lan ngerumat kesenian iku dudu mung perlu nggolet picis, naming kanggo tujuan kang lebih dhuwur lan luhur