Pidato UN berbahasa Jawa

Assalamu Alaikum wr.wb
Bapak kepala sekolah 
ingkang kula hormati
Bapak ibu guru 
ingkang kula hormati
Bapak ibu staf tata usaha
 ingkang kula hormati,
Ugi kanca-kanca kula sedaya ingkang kula tresnani

Sakderengipun monggo kita aturaken puji syukur Alhamdulillah dating Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat taufiq lan hidayahipun dumateng kita sedaya ingkang nembe wonten ing pakempalan punika.

Kanca-kanca ingkang tak tresnani,
Ing waktu iki perlu kita gatekne kanthi apik, khususe siswa kelas 9. Kita kabeh wis ngerti ibarate lagi neng pucuking tanduk. Detik saka detik lumaku tanpa ana kompromi. Kaya sepur kang lumaku tanpa toleransi. Kang lagi mandheg menawa wis teka panggonan kang dituju yaiku stasiun.

Sepur iku ibarate UN, UN iku kaya kang wis dilewati dening kakak-kakak kelas tahun wingi, akeh kang nggawe siswa gugup lan ajrih ngadepine.


Nanging UN iku sakwijining kasunyatan kang kudu diadhepi dening siswa-siswa kabeh lan para guru ing kabeh sekolah neng ngendi wae. Seneng utawa ora, siap ra siap, sedih, males, lan khawatir ananging UN kudu isa dilakoni. Amarga UN iku dadi pintu gerbang kang ngeterake menyang jenjang ingkang luwih dhuwur.

Akeh hal kang kudu disiapke, kayata materi ujian, kondisi fisik/kesehatan lan mental/jiwa para siswa iku dewe. Kabeh iku mau kudu iso digulawenthah kanthi apik. Saiki iki wektu kang pas sinau nggulawentah awake dhewe, nggulawentah wektu, kegiatan saben ndinane, ibadahe emosine lan ora lali kesehatane.

Kanca kancaku kabeh sing tak tresnani :
Iki ana tips kanggo nggulawenthah wektu sajroning ngadhepi UN : Ingkang sregep ibadah wajib koyoto sholat wajib lima wektu luwih becik maneh yen tepat wektu, Ngulinakne tangi bengi kanggo sholat malam (qiyamul lail), Ngatur wektu sinau, Latihan soal-soal ujian, Istirahat kang cukup kanggo njaga kesehatan/kesarasan

Mula saka kuwi, kita kudu nyiapke sakkabehe sajroning ngadhepi iki, kareben kita bisa nglanjutake sekolah ing sekolahan kang diidam-idamake

Maturnuwun kawigatenipun, mugi-mugi kita sedaya pinaringan berkah saking Allah ingkang Murbeng dumadi sageda nglampahi UN kanthi kasil ingkang sal. Pangapunten menawi wonten pangucapk kula ingkang mboten trep. Nyuwun. 
Wassalamualaikum Wr. Wb.


0 komentar:

Posting Komentar

Jika ada yang kurang jelas atau terjadi kesalahan dalam artikel di atas, tolong beri tahu kami dengan berkomentar. Mohon berkomentar dengan santun dan mengedepankan akhlak mulia. Terima Kasih.