Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Geguritan Bahasa Jawa

KUKUH

Ana kang luwih kukuh saka kesetimbangan barang kukuh
Yoiku dheweke, kang tansah jejer awakmu, masiyo awakmu ra tau rumongso
Dheweke kang tansah ngrewangi awakmu ngadheg jejeg wektu awakmu tiba nyang kasasuhanmu karo ngomong, “belajaro teko banyu moto, seng naliko ceblok, ra tau ngeroso kelangan opo-opo”
Naliko awakmu nangis, dheweke mbisiki nang kupingmu, “
Kang ancur lebur bakal
Kang sio-sio bakal dadi makna
Kang tansah keulang liyo wektu bakal mandek
Kang tau tiba bakal ngadeg jejeg
Kang tugel mrujuk, kang ilang keganti.. pasti keganti
Lan deweke kang luwih kukuh teko opo wae, kang tansah ono naliko awakmu ngeroso ra ono
Lan tansah ono naliko awakmu rumangsa ra guna


Tembang Bahasa Jawa Cucak Rowo




Taksawang-sawang segere degan
degan taksawang enak tenanan,
Taksawang-sawang rupane cogan
Cogan tak sawang ganteng tenanan

mangane mangane mangan sate
pas mangan imbuhe gule
cogane ma cari uwong sugeh
Amargo gelem karo duwite

Sate gule sate gule sate gule
pe enak karo sunduke,
cogane yen bengi dolan wae,
Amargo wedi karo pacare

Umahe umahe uwong kere,
Uwong  kere akeh corone
wedhoke kang akeh duwite,
Yen ditraktir ser-ser aduh enake

Taksawang-sawang segere degan
degan taksawang enak tenanan,
Taksawang-sawang rupane cogan
Cogan tak sawang ganteng tenanan

mangane mangane mangan sate
pas mangan imbuhe gule
cogane ma cari uwong sugeh
Amargo gelem karo duwite

Umahe umahe uwong kere,
Uwong  kere akeh corone
wedhoke kang akeh duwite,
Yen ditraktir ser-ser aduh enake


Bebasan Bahasa Jawa



BEBASAN
1.       Adigang, Adigung, Adiguna -----> Orang yang mengagungkan kekuatan, keluhuran dan kepintaran
2.       Ana bapang sumimpang ---------> Menyingkirkan suatu bahaya
3.       Ana catur mungkur---------------> Tidak mendengarkan pembicaraan yang jelek
4.       Anak polah bapa kepradah -----> Orang tua yang susah karena tingkah laku anaknya
5.       Ber budi bawa laksana ---------> Orang baik pasti menepati janji
6.       Cabfkem gatel -----------------> Senang membicarakan aib orang lain
7.       Jembar segarane ---------------> mudah memaafkan
8.       Kriwikan dadi grojogan--------> Perkara kecil jadi besar
9.       Nyolong pethek --------------> Tidak diduga-duga
10.   Sluman slumun slamet --------> Selalu berhati hati
11.   Yitna yuwana lena kena ------> siapa yang hati-hati bakalan selamat
12.   Tut wuri handayani -----------> Pemimpin selalu memberikan motivasi

13.   Tumbak cucukan ------------> suka mengadu domba

Contoh Paribasan Bahasa Jawa



1. Cebol nggayuh lintang
Cebol :  wong kang pendek
Nggayuh : njupuk
Lintang : bintang
Tegese:  duweni kekarepan sing mokal bakal kelakon
(cebol iku wong kang pendek ora mungkin iso njupuk lintang kang manggone duwur banget ing angkasa).

2. Mburu uceng kelangan deleg
Uceng :iwak cilik
Deleg : jenis iwak tawar sing ukurane luwih gede
Tegese : Mburu barang sepele akibate kelangan barang sing aji
(mburu iwak cilik kelangan iwak kang luwih gedhe, alias kapusan usahane muspro kelangan barang kang luwih aji)

3. Lambe setumang kari semerang
Lambe : bibir
tumang : anggel pawon
Merang : ulen pari
Tegese : aweh pitutur bola-bali ora dirungok ake
(lambe setumang yoiku lambe pawon sing gedhe kari  sak merang “ulen pari”, ateges dikandhani bola bali ora dirungokne blas)

4. Tinggal glanggan colong playu
Glanggang : arena olah raga
Colong : maling
Playu : mlayu
Tegese : keplayu soko tanggung jawab
(ninggalne arena tanding pilih mlayu ngacir, ateges wong kang mlayu soko tanggung jawab)

5. Ancik-ancik ana ing pucuking eri
Ancik-ancik : mancik, munggah
Pucuking : nduwur
Eri : barang lancip soko tanduran
Tegese : wong sing tansah kuwatir yen keluputan
(ngeri yen sampek kecubles eri ateges wong kang tansah kuwatir)

6. Tumbak cucukan
Tumbak : jenis senjata
Cucukan :paruh
Tegese : seneng wadulan
(sejata awujud paruh sing iso nglarani liyan, ateges seneng wadulan akibate iso nglarani atine wong sak podo)

7. Cecak nguntal empyak
Cecak : cicak
Nguntal : ngulu
Empyak : atap omah
Tegese : gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane

(ora mungkin cecak sing cilik iso ngulu empyak sing gedhene ngluwihi awake cicak)

Pidato Bahasa Jawa atau Seseorah tentang Belajar



Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bu Sulis ingkang tansah kula hurmati, saha rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Sumonggo kita ngaturaken puji lan syukur marang Gusti Allah SWT amarga saka barokahipun kita saged kempal wonten panggonan iki kanti sehat walafiat.
Rencang-rencang, nang kesempatan niki kula badhe atur sesuluh dhumateng sampean sedaya bab “Cara sinau kang Efektif” Opoo kula kudu nyampekaken cara sinau niki? Amarga kula pingin ngebeneraken cara sinaune rencang-rencang sedaya. sinau efektif niku cara sinau kang ngutamakan pametu lan proses kang efisien. Keenakane teko cara sinau niki yaiku, kita luwih cepet mangerteni bab kang lagi kita disinauni lan kita saged ngirit wektu damel sinau. Gawe ngelakokaken proses sinau kang efektif ana beberapa cara kang saged kita lakokakenn yaiku :
1.      Biasakno dungo nyuwun diparingi kegampangan wektu sinau
Sajroning segala aktivitas, kita dianjurkan ndungo nyuwun pertolongan lan petunjuk teko Allah SWT. Gusti Allah dawuh nang Qs. Ghafir: 60 kang unine :

Dan Tuhanmu berfirman: "Berdoalah kepada-Ku, niscaya akan Kuperkenankan bagimu. Sesungguhnya orang-orang yang menyombongkan diri dari menyembah-Ku akan masuk neraka Jahannam dalam keadaan hina dina".


Dados luwih genah tho yen gusti Allah bakal ngurukno setiap penjalukke para hambane, lan bahkan bakal ngabulaken kabeh penjaluke.

2.      Biasakno maca al-quran sedurunge sinau. Nopoo? Syaikh Ibrahim bin Ismail nang bukune kang judule Ta’lim al-Muta’alim njlenteraken, yen ana bab-bab kang bisa gawe seseorang kuat ingetanne lan hafalanne. Ring antarene yaiku, nyitikno ma’em, mbiasakno ngelakokno shalat qiyamul lail utawa shalat bengi, lan maca al-qur’an karo  ndelok nang mushaf.

3.      Tresnono pelajaran kang kita mboten saged
Tuladhane kita mboten saged nang pelajaran kimia, naming kita tresno banget karo pelajaran niki. Maka karo kesenengan niku, suatu saat bakal ndadekaken kita angsal nilai ulangan kimia kang apik tenan, amarga sesuatu kang ditindakake sepenuh ati bakal ngasilaken hasil kang muassaken.

4.      Coba lan Gagal (Trial and Error)
nang urip niki, gagal niku rencang kita pisan, dadi ojo pernah menghindar darinya. Kita ngelakokno opo-opo salah, gawe apa? beno kita eruh sing benar iku koyok piye. Bab kang sorone koyok opo, pasti bakal isa kita kuasai asal ora ana kata nyerah memahaminya. Cobaen terus, gagal iku wes biasa.
Dadi, kesimpulanne yaiku sinau secara efektif iso munggahno kualitas sinau kita nang urip sedino-dino. amarga sinau secraa efektif iso gawe proses sinau kita dadi luwih nyenengno. kula harap rencang-rencang iso ngganti cara sinaune, kang awale kurang efektif dadi luwih efektif.
Cekap semanten kang saged kula sampeaken. Semoga napa kang sampun kula sampekaken saged bermanfaat damel kita sedaya. Kula nyuwun apabila terdapat kata yang kurang berkenan di hati ibu guru dan teman-teman. Terima kasih atas perhatiannya. Billahi taufiq wal hidayah. Wassalamualaikum Wr. Wb.


PALAPURAN ASIL DISKUSI BAB TATA KRAMA



Tata Krama
Tata krama yaiku Kebiyasaan sopan santun sing disepakati ing lingkungan pergaulan sekolah, lan bebrayan. Kebiyasaan sing apik lan nduweni aturan- aturan wicara, tindakan , lan penggawe. Tata krama uga nduweni macem yoiku Tata Wicara, Tata Busana, lan Tata Bahasa

Lunture Tata Krama ing sekolah
 Tata krama ing sekolah sakniki luntur lan ilang. Akeh murid-murid sing ninggalkakaen tata krama amarga kepengaruh globalisasi. Globalisasi sakniki emang mboten saget dihindari. Saingga globalisasi kathah sing mlebu ing daerah-daerah saingga nyebabaken lunture budaya tata krama. Lan uga mlebu ing skolah-skolah sing dienggo nuntut ilmu. Dadi bocah-bocah ing skolah-skolah pada lali karo budaya tata krama sing haruse dilestarekaken karo penerus bangsa sakniki.
Sakniki uga, tata krama niku mulai ditinggalkaken amarga tata krama iku dinilai kuno lan ketinggalan jaman. Nanging tata krama niku penting ing lingkungan sekolah lan bebrayan. Teko dino ning dino, tingkah lakune para remaja sakniki awit ora isa diprediksi. Amarga ilange tata krama niku, contoe mawon akeh murid-murid sing mboten dhamel unggah ungguh basa ing ngajenge guru, ngendika kasar teng rencange piyambake, mboten peduli teng sak rencangan lan akeh murid sing lenggah ing ndhuwure meja.
Tuladha Lunture Tata Krama Ing Sekolah:
·         Ing Jaman Dhisik, kadhung mlaku ing ngajeng guru, saben murid badhe nuwun sewu ugi ngendika "Nyuwun sewu ". Nanging sakniki ? kathah murid jarang ngendika nuwun sewu lan malah milih terus mlaku ing ngajenge guru
·         Murid-murid sakniki ugi jarang ngucapaken salam utawa ngaras asta bapak ibu guru wektu kepanggih.
·         Kathah murid sing mbuwang sampah utawa bungkus jajan ing loker bangku
·         Wektu ulangan, murid-murid kathah sing nyonto utawa njiplak penggawean kancane
·         Wektu kepanggih guru, kathah murid sing ngendika tanpa unggah ungguh basa sing trep
Sebab-sebabe Lunture Tata Krama Ing Sekolah
Jaman modern tambah maju , kathah murid ninggalaken tata krama ing sekolah, Biyasane murid-murid podho ninggalkaken tata krama tanpa alasan sing jelas. Pancen angel dihindari, wektu globalisasi mlebu ing  Indonesia. Alasan sing biyasane di gawe murid-murid yoiku
Ø   Tata krama iku kuno
Ø   Tata krama angel lan susah ditrepake
Ø   Tata krama akeh aturane
Kesimpulan
Masiyo sakniki jamane globalisasi kita kedhah ngelestariaken tata krama ing sekolah lan bebrayan.
            Ojo sampek tata krama sing dadi adate Indonesia luntur amarga tingkah lakune para siswa lan podho ngengetno menawi tata krama iku penting. Tata krama mboten kuno, muris sing nglestarikaken tata krama ing sekolah nduweni maksud Murid niku hormat teng gurune, lan ngelestarikaken budoyo lokal Indonesia. Dadi rencang-rencang kabeh, ayo podho ngelestarikaken tata krama mulai teng sekolahe dhewe. Ora enten alesan kanggo ninggalaken tata krama sing wis dadi adate wong Indonesia. Mulai sakniki yo Rek ? Hormat teng guru, nyuwun sewu teng guru , wicara sing alus teng guru lan kanca, utamane tata krama ing bebrayan lan omahe dhewe-dhewe.
Ayo Rek ! Ngelestarikaken Tata Krama Ing Sekolah ! Bangun negoro sing nduwe Budoyo lan Adat Istiadat sing apik !







Pitakonan lan wangsulan

·         Martining      : “ Opo ae maceme tata krama ? “
Risa                : “ Tata wicara, tata basa , lan tata busana “
·         Martining      : “ Opo bedane tata wicara lan tata bahasa ? “
Risa                : “ Tata wicara : tata cara ngomonge
              Tata bahasa : tata cara unggah-ungguh bahasae “
·         Oqi                 : “ Opo pengertiane tata krama iku ? “

Icha                : “ Kebiyasaan sing disepakati lingkungan pergaulan sing
     trep“

·         Oqi                 : “ Napa tata krama iku teng sekolah mawon ? “

Icha                : “ Mboten, tata krama iku enten teng endi-endi, ing sekolah
 
lan bebrayan “

·         Wafi               : “ Opo tata krama iku dipengaruhi teknologi ? :

     Ocha               : “ Iyo, sakniki jarang sing nggawe unggah-ungguh basa,
     menawi akeh teknologi sing nggawe basa-basa sing ora
     trep“

·         Anas               : “ Opo sebabe lare-lare podo ninggalno tata krama ? “

Risa                 : “ Amarga, akeh pengaruh globalisasi sing mlebu ing
    
Indonesia“




Saking Grup 1 :
·         Alvina Octaviani P. (01) / Notulen
·         Dewi Maulana A. (02) / Ketua
·         Hanni Imanniar R. (03) / Njawabi Pitakonan
·         Icha Winda Dian S. (04) / Njawabi Pitakonan
·         Jian Rizki (05) / Moderator
·         Risa Nurwahyuni (06) / Njawabi Pitakonan


Pidato UN berbahasa Jawa

Assalamu Alaikum wr.wb
Bapak kepala sekolah 
ingkang kula hormati
Bapak ibu guru 
ingkang kula hormati
Bapak ibu staf tata usaha
 ingkang kula hormati,
Ugi kanca-kanca kula sedaya ingkang kula tresnani

Sakderengipun monggo kita aturaken puji syukur Alhamdulillah dating Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat taufiq lan hidayahipun dumateng kita sedaya ingkang nembe wonten ing pakempalan punika.

Kanca-kanca ingkang tak tresnani,
Ing waktu iki perlu kita gatekne kanthi apik, khususe siswa kelas 9. Kita kabeh wis ngerti ibarate lagi neng pucuking tanduk. Detik saka detik lumaku tanpa ana kompromi. Kaya sepur kang lumaku tanpa toleransi. Kang lagi mandheg menawa wis teka panggonan kang dituju yaiku stasiun.

Sepur iku ibarate UN, UN iku kaya kang wis dilewati dening kakak-kakak kelas tahun wingi, akeh kang nggawe siswa gugup lan ajrih ngadepine.


Nanging UN iku sakwijining kasunyatan kang kudu diadhepi dening siswa-siswa kabeh lan para guru ing kabeh sekolah neng ngendi wae. Seneng utawa ora, siap ra siap, sedih, males, lan khawatir ananging UN kudu isa dilakoni. Amarga UN iku dadi pintu gerbang kang ngeterake menyang jenjang ingkang luwih dhuwur.

Akeh hal kang kudu disiapke, kayata materi ujian, kondisi fisik/kesehatan lan mental/jiwa para siswa iku dewe. Kabeh iku mau kudu iso digulawenthah kanthi apik. Saiki iki wektu kang pas sinau nggulawentah awake dhewe, nggulawentah wektu, kegiatan saben ndinane, ibadahe emosine lan ora lali kesehatane.

Kanca kancaku kabeh sing tak tresnani :
Iki ana tips kanggo nggulawenthah wektu sajroning ngadhepi UN : Ingkang sregep ibadah wajib koyoto sholat wajib lima wektu luwih becik maneh yen tepat wektu, Ngulinakne tangi bengi kanggo sholat malam (qiyamul lail), Ngatur wektu sinau, Latihan soal-soal ujian, Istirahat kang cukup kanggo njaga kesehatan/kesarasan

Mula saka kuwi, kita kudu nyiapke sakkabehe sajroning ngadhepi iki, kareben kita bisa nglanjutake sekolah ing sekolahan kang diidam-idamake

Maturnuwun kawigatenipun, mugi-mugi kita sedaya pinaringan berkah saking Allah ingkang Murbeng dumadi sageda nglampahi UN kanthi kasil ingkang sal. Pangapunten menawi wonten pangucapk kula ingkang mboten trep. Nyuwun. 
Wassalamualaikum Wr. Wb.